Saperangane Kekurangane Bocah - EkookE

Terbaru

Senin, 07 Oktober 2024

Saperangane Kekurangane Bocah

Saperangane Kekurangane Bocah
Dening Eko Budiyono

Nggulawentah bocah dadi tanggung jawabe wong tuwa. Ibu minangka madrasah sepisanan tumrap anak kudu greteh Ian ora jeleh anggone nggulawenthah anak. Anggone nggulawenthah kanthi tuladha kang trep saka wong tuwa tumrap anak. Aja nganti, wong tuwa menging tumindak marang anak, nanging wong tuwane malah nglakoni tumindak mau.

Saben bocah kuwi unik, duwe kaluwihan Ian kekurangan dhewe-dhewe. Ing kene, penulis bakal njlentrehahe 4K, saperangan kekurangane anak. 4K kang dimaksud yaitu kadhas, kudhis, kurap, Ian kutel. 4K kuwi dudu jinising penyakit kulit kang bisa nular marang wong liya. 4K kang dimaksud iku tembung cekakan, kebiasaan kang ora becik.

K kang kapisan yaitu kadhas. Kadhas cekakan saka kurang cerdhas. Kanggo ngurangi kadhas mau, anak disekolahke supaya bisa entuk ngelmu kang migunani, saiki utawa tembe mburine. Anak kang duweni kadhas kadhangkaIa dadekake dheweke mindher. Wong tuwa bisa nggedhekake atine anak kanthi ngrewangi anggone sinau utawa mekarake bakate. Profesor Harvard Howard Gardner ngenalake teori werna-wernane kecerdhasan menyang jagad ing buku Frames of Mind taun 1983. Dheweke mratelakake manawa kecerdhasan intelektual utawa IQ manungsa ora nyritakake kabeh kahanan manungsa. Gardner ngusulake jinis kecerdhasan cacah wolu kanggo ngukur kekuwatan Ian kabisane manungsa kanthi luwih akurat. Yogene 8 jinising kecerdhasan mau ana: visul-spasial, linguistik-verbal, logis-matematik, kinestetik, musik, interpersonal Ian intrapersonal, alami, Ian pedagogis. Anane maneka warna kecerdhasan kuwi diyakini menawa kabeh manungsa kuwi istimewa, duweni kekuwatan Ian minat kang beda-beda. Wong tuwa bisa ngarahake putrane marang minat Ian bakat kang disenengi satemah bisa sawutuhe anggone sinau nggolek ngelmu utawa ngolah ketrampilane.

K kang kapindho yaitu kudhis. Kudhis cekakan saka kurang dhisiplin. Wong tuwa bisa ngetrapke urip dhisiplin saka wayah esuk nalika bocah tangi turu nganti arep turu kuwi apa wae bisa dikandhakake uga nalika ngomong-ngomong ing wektu longgar sinambi ngemil panganan bareng. Anggone ngetrapke kebiasaan dhisiplin miturut umure anak Ian dilakoni kanthi seneng. Yen anak nglanggar aturan kedhisiplinan mau, wong tuwa bisa ngelingake kanthi ngelongi dhuwi jajane utawa menehi wektu kanggo anak supaya bisa nglakoni kang dadi tugase. Kanggo nggampangke anggone nuwuhake dhisiplin, wong tuwa bisa nggawe jadwal Utawa dhaptar kegiyatan padinan. Kanthi dhaptar kuwi bocah bakal eling Ian bisa latihan dhisiplin.

K kang katelu yaiku kurap. Kurap cekakan saka kurang rapi. Kurap ana gegayutane karo kudhis. Yen kudhis wis bisa dikikis, kurap uga bisa dikikis utawa ilang. Kanggo nglatih anak supaya rapi yaiku ngulinakake anak supaya mbalekake dolanan utawa barang apa wae ing panggonane.  Wong tuwa perlu nyedhiakake papan kanggo nyimpen barang-barang arupa kothak Utawa rak-rak kang bisa nggampangke anak mbalekake barang kang dijupuk. Kanggo nglatih dhisiplin kuwi perlu conto saka wong tuwa. Menawa rampung ngganggo barang-barang uga kudu cepet-cepet dibalelekake ing panggonane. Yen nemoni kamar anak kang rapi, wong tuwa bisa menehi bebungah marang anak kayata tambahan kanggo hiasan kamar, nukokake cet tembok kanggo ngganti cet kang wus luntur, utawa bebungah liya kanggo ngregani usahane anak.

 K kang kepapat yaiku kutel. Kutel cekakan saka kurang teliti. Anak kang tumindak grusa-grusu ndadekake kurang teliti. Pengine cepet rampung Ian kurang nggatekake gaweane uwis bener utawa durung. Uwis rapi utawa durung. Kutel kuwi bisa dideleng anggone nggarap tugas ana ing sekolah utawa omah. Anggone maca utawa ngetung yen grusa-grusu ndadekake jawabane anak salah kamangka yen digarap kanthi sareh Ian teliti, bocah mau bisa bener anggone nggarap. Kutel uga bisa dicegah kanthi dhaptar ceklis tugas padinan kang uwis Ian durung dilakoni. Kanthi ceklis mau bisa mbantu anak luwih teliti anggone nggarap tugas utawa ngetrapake ketelitian ing kegiyatan padinan. Anak bisa ajar sabar Ian tenang ngadhepi kahanan.

4K mau kudu dikikis supaya bisa ngowahi kebiasaane anak dadi luwih apik. Wong tuwa bisa mbantu ngilangi saperangan kekurangane anak mau kanthi ndedonga marang Gusti Allah supaya anak diwenehi ati kang jembar kanggo sinau Ian latihan terus ngikis 4K mau. Dene anggone ngikis 4 K mau kanthi nindakakake samubarang kang gampang dilakoni, saka wektu saiki, Ian saka contone wong tuwa supaya nular ing anak. (eb)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar